Yen Janjine Mentri Bener, Sasi Romadon Wis Ora Ono Internet Saru

Yen Janjine Mentri Bener, Sasi Romadon Wis Ora Ono Internet Saru

Munas MUI Kudu Milih Wong sing Apik

(Ini Bahasa Jawa)

Yen janjine mentri woro-woro lan pertukangan Kang Tipatul (ngapunten, ora biso paseh nyeluk jenenge, margo wong Jowo wis tuwo iku ora biso paseh) tenanan tur bener insya Alloh mengko sasi Romadon wis ora ono internet sing saru alias porno. Wis resik. Kabeh sing saru-saru wis diprotoli.

Kang Tipatul wis janji arep mrotoli kabeh internet sing isine gambar-gambar lan wacan-wacan saru, ora patut tur ngisin-isini. Sak jerone sesasi rong sasi iki arep diresiki kabeh, diprotoli kabeh.

Upomo tenan internet sing saru-saru tur ora patut kuwi wis diprotoli, nanging yen televisine isih okeh sing nyiarake acara-acara ora patut, saru, ngisin-isini tur kebak ghibah ngrasani wong, mengko sing biasane podo nonton internet saru terus podo mlayu ndelok televisi sing saru-saru. Dadi mestine televisi yo kudu diprotoli koyo dene internet sing saru-saru kuwi.

Soale televisi-televisi Indonesia kuwi yo wis ngisin-isini tenanan. Lha wong nganti Ulama Siam Kidul (Thailand Selatan) wae nganti prihatin; lha kok Indonesia kuwi nggone wong Islam, nanging televisine ora menghargai ajaran Islam babar blas. Nganti acara ghibah sing banget diharamke Islam malah dadi menu utomo, akibate nganti ngrusak wong Islam Siam Kidul barang. Sebab televisi Indonesia biso disetel ono ing Siam Kidul.

Sejatine Ulama Indonesia sing ono ing MUI yo wis kerep bengak-bengok bab acara televisi Indonesia sing ora pati nggenah kuwi tur ngisin-isini. Nanging bengokane ulama wae ketoke wis ora diromes dening televisi. Nganti sing jenenge komisi penyiaran Indonesia ping bola-bali nyemprit televisi-televisi, yo durung ono hasile sing nyenengake menyang masyarakat. Malah 4 televisi lagi wae disemprit KPI (komisi penyiaran Indonesia) margo nyiarake gambare wong ora nggenah ora duwe isin jeneng Krisdayanti ledek kondang ambung-ambungan karo lanangan tuwo terang-terangan ono ngarepe poro wartawan.

Televisi-televisi koyo dene wong gobyak golek iwak etuk kutuk gede, langsung gumnyak-gumnyak, bareng-bareng nyiarake ambung-ambungane wong ora nduwe iman kuwi. Wis jelas ono ing Islam, wong sing orang nduwe isin kuwi yo mung wong ora nduwe iman. Nanging malah dianggep deneng televisi-televisi Indonesia, kedadeyan kuwi koyo dene iwak kutuk gede sing regane larang, dadi bar ditangkep langsung didol nyang pasar. Rumongso laris.

Yo koyo ngono kuwi jeneng jurnalistik tanpo iman, tanpo isin.

Sing dadi masalah, kenopo tv tv kuwi wis dibengoki Ulama lan KPI nanging tansah nekad?

Embuh opo masalahe. Sing jelas, yo kuwi wong-wong kuwi wis ilang imane. Gandeng wis ilang imane mulo yo golek konco supoyo wong-wong utowo masyarakat iki podo ilang kabeh imane, podo ora nduwe isin kabeh.

Sebab liyane, mungkin yo ono. Kenopo suarane ulama utuwo ormas Islam ora dianggep. Kuwi sing kudu diteliti. Opo ing badane Ormas Ulama utowo ormas Islam kuwi bener-bener njunjung keimanan, opo malah kosok baline. Kuwi sing perlu diteliti.

Coba contone wae. Indonesia kuwi sing ngisin-isini tur ora patut mungguhe Islam yo kuwi lomba ayu-ayunan, wong-wong wedok dikongkon wudoh, terus dibiji endi sing paling ayu. Ditonton juri karo umum, dibiji, disiarke televise maneh. Lha kuwi biyen wis dilarang, nanging saiki dienekake maneh. Lha wong-wong sing lungguh ono organisasi Ulama utowo Islam, kuwi ono sing malah dadi wong sing ditulis nggon jajaran penguruse. Iki kabare:

Dari sisi lain, Din Syamsuddin juga tercantum sebagai penasihat Yayasan Puetri Indonesia
yang di Indonesia dan luar negeri menggelar pamer aurat dalam lomba kecantikan ratu-ratuan.

Inilah di antara beritanya:

Kontes ratu kecantikan di Indonesia dimotori oleh Yayasan Puteri Indonesia
sejak tahun 1990-an (setelah berakhirnya Orde Baru) dengan ketua umumnya, Prof. Dr. Dipl. Ing. Wardiman Djojonegoro Wardiman Djojonegoro (lahir di Pamekasan, Jawa Timur, 22 Juni 1934; umur 75 tahun) adalah Menteri Pendidikan dan Kebudayaan
Indonesia pada tahun 1993 hingga tahun 1998 di bawah pemerintahan Presiden Soeharto dalamKabinet Pembangunan VI.

(http://id.wikipedia.org/wiki/Wardiman_Djojonegoro)

Tentunya Wardiman dalam memelopori pertunujukan umbar aurat wanita
itu tidak sendirian. Yang mengagetkan, Yayasan yang bergerak di bidang pamer
aurat wanita cantik yang dia pimpin itu dalam susunan Dewan Pengurus Yayasan Puteri Indonesia mencantumkan nama-nama yang selama ini dikenal berkiprah di Muhammadiyah, MUI, NU, dan lainnya, di antaranya adalah:

PENASIHAT
Ibu Khofifah Indar Parawansa, Ibu Dewi Motik Pramono, Bapak Karni Ilyas, Bapak Din Syamsudin

(http://www.puteri-indonesia.com/new/our/)

Memalukan
Para tokoh pemuda dan mahasiswa prihatin adanya kontes ratu kecantikan, dan lebih merasa malu lagi ketika Indonesia mengirimkan wanita untuk ikut kontes ratu-ratuan sejagat, ternyata pakai bikini. Para tokoh pemuda dan mahasiswa tidak rela generasinya dirusak moralnya oleh orang-orang yang memegang kekuasaan ataupun berpengaruh.

Selengkapnya bisa dilihat di

http://www.nahimunkar.com/pelopor-kontes-ratu-kecantikan-indonesia-justru-orang-yang-dulu-ber-sk-melarangnya/#more-908

Munas MUI kudu milih wong sing apik

Kuwi kahanane. Dadi arepo MUI bengak-bengok, nanging amargo ing antarane sing jeneng Ulama kuwi ono pentolan sing tercantum ono nggon bleketekan koyo ngono kuwi, mulane nasehate Ulama mung digeguyu.

Mulane yen Munas MUI ke-wolu saiki 25-28 Juli 2010 iki isih milih wong-wong sing koyo mengkono iku, yo suarane MUI durung karuan manjur. Opo maneh yen isih milih pentolan aliran kesesatan yoiku syiah, koyo sing saiki dadi pemimpin ing MUI nanging yo dadi wong penting sing hubungane karo pusat pensyiahan ing dalan Buncit Jakarta. Yo mesti rai loro.

Ono maneh –ora nggur siji– sing yen ono wong-wong tobat soko aliran sesat, malah wong-wong penting ono MUI kuwi ono sing ketoke ora wedi karo ayate Alloh, yen Alloh iku pirso khianate mripat. Dadi malah ketok mbencereng marang wong sing tobat songko aliran sesat sing keroyo-royo sowan menyang kantor MUI arep munjung data penting kesesatane aliran sing wis podo ditinggalake kuwi. Embuh opo sebape, kesane wong sing keroyo-royo sowan menyang kantor MUI kuwi mau rumongso ono mripat-mripat sing mbencerengi.

Yen dianalisis, pancen aliran sesat sing ditinggalake wong-wong iku mau kahanane sugih duwit margo biso meres anggota-anggotane nganti sekitar sepuluh persen saben sasi, tur biso nyangoni nganti ono sing wira-wiri mrono-mrene tur akrab karo pentolan-pentolan sing sejatine wis diarani sesat kuwi. Pemerasan kuwi jenenge dikenal persenan. Pakanane pentolan-pentolan sesat kuwi soko hasil meres tur atas nama Islam, nanging kanggone mripat khianat malah luwih bagus tinimbang wong sing tobat.

Ono maneh wong penting tur dituwakake, nanging kekancan lan mbelani wong-wong sing ora pati nggenah malahan sing pahame liberal wae dibelo. Contone, Ulil Abshar Abdalla pentolan gancetan Islam utal-utalan (JIL) dibelo dening KH SM naliko arep diperkaraake dening kiyai-kiyai. KH SM mbelani kanti celatu, ojo dikapak-kapakake, margo Ulil kuwi dudu pengurus structural nahdliyin. Weleh.. weleh.. KH SM margo wis pengalaman mbelani Ulil, akhire biso mbelani SAS yoiku wong sing dibelani biso dadi wong nomor siji ing jajarane. Mongko sing dibelani kuwi seprene isih dadi pengurus oramas kafir mahasiswa PMKRI lan ilas dadi wong penting nggon organsasi kafir musyrik Konghuchu, Matakin.

Pilihane KH SM lan sing dibelani kuwi wong-wong sing cedak karo kekafiran lan kemusyrikan, wis jelas. Yen nganti Munas MUI isih milih piyambake, ateges MUI ora biso milah lan milih. Ora biso mbedakake antarane emas lan barang sing wernane kuning, mung margo podo kuninge. Na’udzubillahi min dzalik!

Lha yen Munas MUI kuwi yo isih milih wong-wong sing koyo mengkono iku, yo tegese nyalahi hadits sing wis ngancam: yu’tamanu fihal khooin (wong khianat malah dipercoyo).

Dadi, anggone tv-tv seprono seprene mlenteti nasehate MUI, kuwi kudu dadi pelajaran, luwih-luwih naliko Munas saiki.

Mugo-mugo janjine Mentri Kang Tipatul kuwi janji sing kaleksanan tenan, tur Munase MUI saiki yo dadi ajang sing biso nyaring tenan endi sing pancen ulama warotsatul anbiya (ulama para pewaris para nabi-nabi) lan endi sing pro kesesatan, kemaksiatan lan liyo-liyane nanging ketoke koyo alim-alimo tenan.

Tulisan iki nganggo Boso Jowo ora alus. Sinten sing kerso nerjemah nganggo Boso Indonesia sing apik, utowo Arab, monggo. Bagian administrasi ben ngemot terjemah soko poro pemaos ono ing nggon komentar, sumonggo. Matur nuwun, saderengipun. (nahimunkar.com).

http://www.nahimunkar.com/yen-janjine-mentri-bener-sasi-romadon-wis-ora-ono-internet-saru/

Tinggalkan komentar